ALLAHUMMA SHOLLI 'ALA SAYYIDINA.
MUHAMMADIN THIBBIL QULUBI WADAWAIHA.
WA'AFIYATIL ABDANI WA SYIFA'IHA.
WA NUURIL ABSHOORI WADLIYAAIHA.
WA ALAA ALIHI WASHOHBIHI WASALLIM.
PEPALI KI AGENG, SELO AMBERKAHI
OJO GAWE ANGKUH, OJO LADAK LAN OJO JAHIL
OJO ATI SERAKAH LAN OJO CELIMUT,
OJO BURU ALEMAN LAN OJO LADAK
WONG LADAK PAN GELIS MATI, LAN OJO ATI NGIWO
NIRUHO WONG MULYO, HABAIB ULOMO
NIYAT HORMAT GOLEK TSAWAB UJAR BERKAH KANG MINULYO
OJO SAMPE MODO, ORA KENO NYELO
LUWIH BECIK DEREK TINDAK LAMPAH PINUJI MINULYO
TEMBUNG ALUS ATI ATI, LUNGGUHE OJO SEMBRONO
SOPO NANDUR BAGUS, BAKAL PANEN UGO
SENENG AYEM BAHAGIA, ANAK PUTU SAK KLUWARGO
LAMUN DADI PENGGEDE, PRINTAH ANAK BUAHE
OJO NGANTI KERAS KAKU, SAK SENENG KAREPE DEWE
DADIYO SIRO PELINDUNG, PRINTAH KELAWAN KIRO KIRO
ILING LAN WASPODO, DAWUH KANG UTOMO
SENENGNO JIWAMU LAN ATIMU, OJO SALAH TOMPO
PITUTUR KANG LUHUR, PRINTAHE AGOMO
OJO SIMPANG SIUR, TINDAK NGAWUR NDADEKNO SENGSORO
DADIYO WONG AGUNG KANG MINULYO, TUMINDAK SEMPURNO
NINDAKI KEWAJIBAN, KANTI DASAR IMAN
AKHLAQ BAGUS TUMUS, SABAR ALUS NOTO ATI MAPAN
TA'AT LAN NGABEKTI, PERINTAHE GUSTI
NINDAKNO NGIBADAH, NETEPI PRINTAH AMAL KANG PINUJI
NYADONG RIDLO RAHMAT LAN SYAFA'AT SAKING KANJENG NABI
Rabu, 10 Mei 2017
LIRIK KI AGENG SELO
Sabtu, 25 Februari 2017
LIRIK LUNGSET VERSI SHOLAWAT
Nabi muhammad ndawuhke
Yen golek ilmu iku diwajebke
Kanggo wong lanang Lan wadone
Umat islam sekabehe
Mulo ayo mempeng ngaji
Golek ilmu agomo kang aji
Cedak o guru Lan poro kyai
Supoyo urep rabakal rugi
Wong ngaji 6 syarate
Limpat lobo mempeng ono sangune
Diwulang guru gatekke
Lan sabaro kanti sing sue lan mongsone
Mugo allah paring kito ilmu manfaat
Serto budi pekerti maslahah
Soho maringi rejeki ingkang barokah
Kangkeno nggo sangu
lungo nyang mekah ugo nang medinah
Sabtu, 19 November 2016
LIRIK PERNIKAHAN VERSI TURI PUTEH SHOLATULLAH
Alla Toha Rasullilah
Shalattullah Sallamullah
Alla Yasin Habibillah
------------------------------------------
Aduh penak temanten baru
Mapan sakinah ngolehke Sunah
Urip adem ayem lan tentrem
Cukup idem watonne mempeng
Insya Allah uripe tentrem
Tanggal 6 iku nikahe
Minggu pon kui pasaranne
Mlebu kamar loro-lorone
Ojo lali maos donga ne 3x
Ngobe wedang pacitane jenang
paling penak karo sholawatan
Cukup siji mileh pasangan
Kangmas bayu sing ganteng tenan 3x
Aduh penak temanten baru
Jam pitu sore wes mapan turu
Pancen penak temanten anyar
Pakaianne pateng gemebyar
Ora ngerti yen ono kabar
Syaire mung waton gambar 3x
Rabu, 11 Mei 2016
Lirik Kelangan Versi Sholawat
Allahu robbiy Allahu khasbii
Hati ini penuh dengan dengki
Bertingkah laku sombong
Iman semakin kosong
Berbicara "selalu berbohong"
Di siang-malam aku abaikan
Kewajiban yang Kau perintahkan
Seakan hidup ini, terus kekal abadi
Larut dalam manisnya duniawi
Penyakit hati menjadi duri
Hidup ini terasa sendiri
Kemewahan dunia yang hanya sementara
Membuatku sesal dan terhina
Robbii mohon ampunilah dosaku
Sering melangar akan laranganmu
Robbii menyesalku melupakanmu
Hidup ini jauh dari rahmatmu
Jangan kau ambil nyawa dalam jasat
Sebelum ku kebali bertobat
Robbii aku bukanlah ahli surga
Namun ku tak sangup dalam neraka
Robbi Engkaulah Yang Maha Kuasa
Ampuni hamba yang telah berdosa
Khusnul khotimah menemui mati
Tersenyum di akhir hayat nanti.
Kamis, 03 April 2014
LIRIK ELING PATI
Sira urip ana ngalam dunya
Temenana anggonmu ngaji
Mumpung durung ketekan pati
Elingana lamun wis mati
Wis wancine ra kena selaki
Disandangi sarwa putih
Amerga ora bisa mulih
Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah
Tumpa’ane kereta Jawa
Roda papat rupa menungso
Panggone ing jero guwa
Tanpo bantal tanpa klasa
Obat nyamuk ya ora ana
Diselehke ngalor ujure
Guane banget ciute
Ning kono ora ana lawange
Turu dhewe ra ana kancane
Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah
Ditutupi anjang-anjang
Diuruki trus disiram kembang
Yen neng donya ra gelem sembahyang
Disiksa peng pirang-pirang
Tangga-tangga padha sambang
Nggone nangis kaya nembang
Niku ngono imane kurang
Lha wong ngajine ya mung arang-arang
Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah
LIRIK SHOLI WA SALIMDA
Sholli wasallim daa iman alah mada
Wal ali wal ashaa biman qod wah hada
Wal ali wal ashaa biman qod wah hada
==================================
Eman lo wong Islam, ninggal Sholat wengi
Sak ben dalu turu, ora gelem tangi
Sholat wengi ngono, disenengi Gusti
Sopo gelem nyuwun, pasti di paringi
==================================
Sholat limang waktu, ayo podo njogo
Jama’ah nang masjid, bareng sak kluwargo
Ganjarane slawe, celengan suwargo
Malah biso dadi, pitu likur ugo
==================================
Yen Sholat kesusu, ora biso pernah
Rukuk lan sujude, ditoto sing genah
Sing khusyu’ lan khudhur, ugo tumakninah
Ngerteni sing wajib, lan ngerti sing sunah
==================================
Yen rumongso sugih, itungen donyone
Bagiane Zakat, ojo dilalekne
Dulur karo tonggo, sing podo miskine
kabeh podo nunggu, zakat bagiane
==================================
Yen karo tonggone, Sing apik atine
Yen kahanan longgar, mikiro butuhe
Sajak perlu utang, enggal di peringne
Nanging ojo nganti, njaluk anak ane
==================================
Ayo do ngurangi, nonton televisi
Timbang nonton TV, luweh becik ngaji
“Ahbaabul Musthofa” wadah kanggo ngaji
Kumpul poro Habaib lan poro Kyai
==================================
Eman lo wong ngaji, campur lanang wadon
Campur lanang wadon, lamun dudu mahrom
Biso biso malah, nglakoni sing harom
Ilmu gak manfa’at, rusak malah klakon
==================================
Lanang karo wadon, manggon sepi sepi
Nyanding senggal senggol koyok kebo sapi
Ngunu kuwi duso, nurut poro nabi
Ojo di terusno, yen durung di rabi
LIRIK PADANG MBULAN
['Adada maa fii 'ilmillahi Sholatan daaimatan bidawaami mulkillaahi] 2X
[Padang bulan, padange koyo rino.
Rembulane sing ngawe-awe] 2X
Ngelengake, ojo turu sore.
[E... Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore] 2X
[Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru mimpine
Ngalamat bakal, Ngalamat bakal getun mburine] 2X
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran
[Anak putune, rame rame rebutan warisan] 2X
[Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah
Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah (dho pecah belah)] 2X
Kang den arep-arep, yoiku turune rahmat
[Jebul kang teka - Jebul kang teka, nambahi fitnah] 2X
[Iki dino, ojo lali lungo ngaji
Takon marang, Kyai Guru kang pinuji] 2X
Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan
[Insya Alloh, kito menang lan kabegjan] 2X
[Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan
Esuk-esuk, rame rame luru ramalan] 2X
Gambar kucing, dikira gambar macan
[Bengi diputer - bengi diputer, metu wong edan] 2X
[Kurang puas kurang puas, luru ramalan
Wong ora waras wong ora waras, dadi takonan] 2X
Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an
[Jebul kang takon - jebul kang takon, wis ketularan] 2x